Sesorah Atur Pambuka
Sambung Raos Antawisipun Warga
Assalamu’alaikum Wr.
Wb.
Alhamdulillahirobbil ngalamin wabihi
nastangin wa’ala umuridun yawadin wassholatuwassalamu ngala asrofil anbiya iwal
mursalin wa’ala alihi wasohbihi ajmangin ama ba’du.
Sakderengipun
sumangga kita ngaturaken, munjukaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun
gusti Allah SWT kang sampun paring berkah rahmat hidayah saha inayahipun.
Sa’temah kita teksih saged makempal manuggal sambung raos ing antawisipun warga
ing wanci ndalu punika kanthi kabegjan kasarasan mboten wonten alangan
sa’tunggal menapa.
Sholawat
saha salam mugi konjuk wonten ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad
SAW ingkang tansah kita ajeng-ajeng safangatipun mbenjang wonten ing yaumul
kiyamah.
Bapak-bapak saha para rawuh
sadaya.
Ing
sarasehan sambung raos punika magke kasuwun para sadherek-sadherek kersa
medharaken sadaya raos pangraos ing manah ingkang wonten sambetipun kaliyan
kemajenganipun Dhusun kita, supados kita sadaya mangke saged sami sami nindakaken
ewah-ewahan, saha nyampurnakaken samukawis ingkang kirang trep, saengga saged
ndadosaken tambah majengipun Dhusun kita punika.
Ing
antawisipun panjenengan sadaya kagungan hak pangandikan ingkang sami, pramila
mugi keparenga ngginakaken hak punika kanthi sak saenipun jumbuh kaliyan
dhasaring Negeri kita, inggih punika Pancasila.
Saklajengipun
awit kita makempal sampun sak untawis dangu, pramila sarasehan ndalu punika
kula wiwiti, saha rancaging sarasehan punika kasumanggaken dhumateng para rawuh
sadaya.
Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar