Sabtu, 22 Februari 2014

Sesorah Atur Pamit PKL



Sesorah Atur Pamit PKL


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

            Alhamdulillahirobbil ngalamin wabihi nastangin wa’ala umuridun yawadin wassholatuwassalamu ngala asrofil anbiya iwal mursalin wa’ala alihi wasohbihi ajmangin ama ba’du.
            Sumangga kita ngaturaken, munjukaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun gusti Allah SWT kang sampun paring berkah rahmat hidayah saha inayahipun. Sa’temah kita teksih saged makempal manuggal sambung raos ing antawisipun warga ing wanci ndalu punika kanthi kabegjan kasarasan mboten wonten alangan sa’tunggal menapa.
            Sholawat saha salam mugi konjuk wonten ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita ajeng-ajeng safangatipun mbenjang wonten ing yaumul kiyamah.
            Sakderengipun kula minangka wakil saking SMK Ma’arif NU 1 Ajibarang ngaturaken matur nuwun kangge Bapak Ramdani kalian teknisi Plasma Computer ingkah sampun kathah paring ilmu anak didik kula kirang langkung 3 sasi ngajarake menawa hal enggal kados menika dunia kerja ingkah sebenere. Menawa datheng mriki anak didik kula sekedhik-kedhik saged ngertos masalah ngoprasikaken komputer, saged nginstal komputer enggal kanthi saged dingge uga saged ndandosi komputer ingkang rusak. Dhatenng mriki saged kepanggih hal kauripan ingkang enggal, suasana enggal, keluarga enggal lan nambah pengalaman kangge anak didik  kula menika.
            Kula makili anak didik kula ngaturaken agunging pangapunten menika anak didik kula dhateng mriki mungkin ngrubah hal katah, tingkah lakunipun mungkin mboten tresnaning ati, ngrepoti pegaweanipun Bapak lan sedaya, tingkah lakunipun anak didik kula ingkang mboten sae dhateng mriki.
            Kula dhateng mriki dipun utus sekolah kangge makili anak didik kula istilaeh nggih nyuwun pamit menika sampun 3 sasi anak didik kula PKL dhateng Plasma Computer mriki, sampun angsal kathah ilmu, saged ngertos dunia kerja ingkang leres. Semoga PKL niki saged wonten manfaatipun kangge sedaya pihak lan sekolah kula tresna saged kerja sami kaliyan perusahaanipun Bapak Ramdani menika.
            Cekap semanten ugi kula pribadi mbok bilih wonten kathah kekiranganipun kula nyuwun agunging pangampunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar