Sesorah
Atur Pasrah Penganten
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bismillah hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil
alamina wakhafa,wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadinil mustofa,waala
alihi wa askhabihi ahli sidqi walwafa ama bakdu.
Dumateng poro alim poro ulama ingkang tuhu
kinakbeten dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang tuhu
kinormatan kususon dumateng sohibul hajah ingkang kawulo hormati wabil khusus
dumateng temanten kekaleh ingkang berbahagia.
Sa’derengipun monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng
ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo
lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget
pepanggihan,saget bertatap muka wonten ing majlis puniko,kanti rahayu
wilujeng.saperlu angrawuhi undangan walimatul arus.mugi-mugi pepanggihan kulo
lan panjenengan sami saget mbeto manfaat,kususipun dateng temanten kekalih lan
umumipun dateng kulo panjenengan sami.
Ingkang kaping kalihipun solawat soho salam
,allohuma soli ala sayidina Muhammad monggo tansah kunjuk dateng junjungan kito
Nabi Besar Muhammad SAW nabi pungkasan ingkang kito antu-antu syafaatipun
benjang ing dinten Qiamat. Amiin
Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan !
Saklajengipun kawulo ngaturaken agunging panuwun
dumateng sederek pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo,
mugi-mugi wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko
wakil konco pengantin. Ngaturaken agunge panuwun dumateng Shohibul kajah
ingkang sampun nampi kulo sakonco kanti lemahing penggalih,sampun nyediaaken
papan pinara’an, shoho dedaharan lan unjukan ingkang kados mekaten mewahipun,
wonten ing mriki kawulo atas nami konco pengantin, mboten saget mbales
penghormatan meniko kejawi namung saget dungaaken dateng Shohibul kajah
sekeluarga Mugi-mugi penghormatan meniko andadoso amal sholehipun ingkang
ditrimo dening Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang
sakkatah-katahipun.
Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan
Selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko
wakil saking walinipun pengantin putri inggih puniko Bapak Udin saking dusun Semedo
kawulo nampi amanat sangking Bapak Prasetya, ingkang supadoso
masrahaken temanten putri ingkang Asma Jihan , dumateng bapak Qomar mriki
minongko tiyang sepuhipun temanten kakung. Pramilo saking meniko kanthi ucapan
“Bismilah” temanten putri meniko kulo pasrahaken dumateng Bapak Prasetya mriki,
kanti pasrah bongko’an tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun.
Dene wonten kekirangipun sangking segi nopokemawon, , kawulo suwun Bapak
Shohibul hajah mriki kususipun, lan sedoyo keluarga soho masyarakat mriki
umumipun kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget
sahenipun.
Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan !
Ingkang terakhir kawulo ugi atas nami wakil saking
konco pengantin bilih acara mangke sampun paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi
nyuwun pamit sepindah, soho nyuwun tambahipun do’a mugi-mugi kulo sa’rombongan
wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng griyanipun piyambak, tansah dipun
paringi slamet, wilujeng, boten wonten alangan setunggal punopo. Amiin.
Sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil
saking konco temanten, kulo nyuwun agunging pangapunten,mbokbilih wonten
tingkah tanduk, trap susilo ingkang kirang nyocoki dateng panggalehipun
Shohibul kajah mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan
awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar